tahun barunan neng ndi yo?

taun baru meh neng ndi ya...? aku pualing mualezz yen tahun baruan rame rame ala wong kota en wong gaul...


preiku tekan tanggal 3 januari 2007.

ngglandang yo..

golek nggon penak nggo ngopi karo udad udud..


ada saran dan tujuan dari poro rawuh sedoyo...?

tememplek by endik kurang luwih jam 9:36 a.m.,

33 gayung bersambut:

kurang luwih jam 12/29/2006 12:01:00 p.m., Anonymous Anoniem mengubrus...

turu waeee... xixixi...

liburan malah bikin mumet, nglangut, ngglandang, ngglundang-ngglundung. kalo klepas-klepus di tengah alas gung liwang liwung gimana? cocok nggak? sepertinya enak lho, nggak ada yang ngganggu... :P

 
kurang luwih jam 12/29/2006 01:11:00 p.m., Blogger endik mengubrus...

wis ndang bali.. tak turuti saranmu..

 
kurang luwih jam 12/29/2006 02:19:00 p.m., Anonymous Anoniem mengubrus...

topo wae...neng tengah alas (lha alase wis entek,piye jal?)ojo lali sangu sego sak lawuhe, rokok sak pak...terus nek iso nggowo konco sing ayu tur semlohai...piye?sepakat tho? *syarat sing terakhir iku iso dipesen liwat 0809-AYUMONTOK (0809-298666868)*

 
kurang luwih jam 12/29/2006 02:44:00 p.m., Blogger Bangsari mengubrus...

nang nggone mbah maridjan wae. piye?

 
kurang luwih jam 12/29/2006 03:37:00 p.m., Blogger endik mengubrus...

* Haaaaa.... sarane cocok tapi blas ora mendidik.. ngko yen ganthet piye jal..? ora iso ucul... ndadak nyembeleh pitik cemani karo nyediani klembak menyan ples jajan pasar.. ragate malah dadi akeeeh..

*mas ipul: mbah marijan? malah disuguh ekstra jos ya? bar kuwi kon gelut karo kris jon..? malah loro kabeh...

 
kurang luwih jam 12/29/2006 03:56:00 p.m., Anonymous Anoniem mengubrus...

lha jenengku kok dadi anonymus??
Wah..yen gancet..lak malah penak tho kang...setiap saat merasakan surga dunia..tapi yo rodo isin sithik..trus carane nggawe kathok piye yen gancet yo?wah...iki iso dadi trend mode 2007 nggo ngrancang kathok gaya gancet...

 
kurang luwih jam 12/29/2006 04:08:00 p.m., Blogger endik mengubrus...

*pitik kudu dibeleh: waaa... enak nanging pliket to nda.. BUAJILLAAKK.. yen kebelet nguyuh malah susah.. iso nglenyit lunyu lunyu anget..??!!
urusan kathok aku ra ngerti blas..? tapi sing jelas nggilani kuwi nda..

Hhhiiiiii......

 
kurang luwih jam 12/30/2006 01:41:00 a.m., Anonymous Anoniem mengubrus...

nang kantor ae dab...lek enggak yo turu ae :P

 
kurang luwih jam 12/30/2006 09:52:00 a.m., Blogger kenny mengubrus...

walah...kuwi merenung karo ngeden po??
met tahun baru yo le..

 
kurang luwih jam 12/30/2006 11:13:00 a.m., Blogger endik mengubrus...

*om hedi: waa.. loyalitas karo perusahaan ya om..?

*budhe kenny: ngeden tapi ora kebak kebak dhe.. matur nuwun..

sedayanipun, sugeng warsa enggal 2007

 
kurang luwih jam 12/30/2006 11:27:00 a.m., Anonymous Anoniem mengubrus...

selamat tahun baru, Kang. Koq sekarang sepi ya??

 
kurang luwih jam 12/30/2006 11:46:00 a.m., Anonymous Anoniem mengubrus...

berburu ontel wae piye? ;)

 
kurang luwih jam 12/30/2006 11:54:00 a.m., Anonymous Anoniem mengubrus...

pijet...

 
kurang luwih jam 12/30/2006 12:07:00 p.m., Blogger endik mengubrus...

*dirac: matur nuwun mas bos.. sepi? apane sing sepi? nggonku rame banyu udan ngene iki..

*pakde nino: lha yo wis.. mangkat.. ra nggo suwi.. eh tenan ora kowe kuwi

*wedhouz: ha.. taun baru do munggah regane ki..

 
kurang luwih jam 12/30/2006 01:01:00 p.m., Anonymous Anoniem mengubrus...

nontok tipi ae. Gratisss. Karo mangan degang rogeng, ngiming-ngiming dirac. xixixi..

 
kurang luwih jam 12/30/2006 01:12:00 p.m., Blogger endik mengubrus...

*budhe: lha... budhe wanine karo cah cilik..

 
kurang luwih jam 12/30/2006 05:38:00 p.m., Anonymous Anoniem mengubrus...

kintjlang-kintjlong noempak andhong njeblek bokong sahadja boeng.....

 
kurang luwih jam 1/01/2007 12:43:00 a.m., Anonymous Anoniem mengubrus...

sugeng taon baru kang.... :D

 
kurang luwih jam 1/01/2007 10:38:00 a.m., Blogger amethys mengubrus...

klo nyari tempat yg sepi ketempatku aja...deket hutan yg ada cougar dan black bearnya...dan deket sama indian reservation....he he he...sepi nyenyet..tapi penuh kedamaian.....

 
kurang luwih jam 1/02/2007 01:27:00 a.m., Anonymous Anoniem mengubrus...

wis lahh mending munggah gunung wae ... mesisan semedi nggoleh wangsit ben iso kuwat urip nang Jakarta. Yen arep munggah gunung nang Gunung Salak wae sing akeh setan-ne ... hehehe

 
kurang luwih jam 1/02/2007 12:45:00 p.m., Anonymous Anoniem mengubrus...

wah telat. tapi gpp untuk liburanyang akan datang:
- yang deket dengan jakarta:
- pulau umang
- ujung kulon
- badui

yang agak jauh
- gili trawangan
- bunaken
- lembah baliem

yang luar indonesia
- pulau phiphi, thailand
- tibet/ nepal
-

 
kurang luwih jam 1/02/2007 02:25:00 p.m., Anonymous Anoniem mengubrus...

sik prei po?sidane nyang ngendi?

 
kurang luwih jam 1/03/2007 04:47:00 p.m., Blogger endik mengubrus...

*koeaing!: wa.. itoe oeroesanjah djahadi nggasroeh boeng.. taoen baroe do metoe karoe koeirik'e bokong ditjablek, koeirike njatek... tetanoes poen..

*bebek: sugeng warsa enggal ugi kisanak..

*amethys: walah.. anggarane bisa njebluk to budhe..

*moes jum: akeh setane? setan gundhul ireng? do nggowo pacul karo ember? wah kuwi setan jan sangar tenan..

*Kw: walah... ini sih study tour mas.. anggarane semplok..

*pitik: wis ora nda, yo mbuh nglayap neng ndi.. aku dewe yen kon mbaleni durung mesti iso apal..

 
kurang luwih jam 1/03/2007 09:32:00 p.m., Anonymous Anoniem mengubrus...

Trus, sidone ning ndi, Mas?
berarti wis bar ki preine, wis tanggal 3 bengi :p

 
kurang luwih jam 1/04/2007 12:23:00 a.m., Anonymous Anoniem mengubrus...

Sugeng Warso Enggal!

 
kurang luwih jam 1/04/2007 10:03:00 a.m., Blogger endik mengubrus...

*fany: bali dhe.. semarang tru sobo rong dino rong wengi.. tet taun baru aku lagi neng magelang.. acara jogja sukses ora?

*bloguebo: sami sami om.. mugi mugi Ingkang Ngarsa Dalem Swargi paring berkat lan tansah kinasih..

matur nuwun..

 
kurang luwih jam 1/04/2007 11:19:00 a.m., Anonymous Anoniem mengubrus...

potrek-mu ndodok ...

opo ra kebak kawet taun wingi

ayo gek pindah nggon :)

 
kurang luwih jam 1/04/2007 01:23:00 p.m., Blogger endik mengubrus...

*iku: jelas kebak to mas bos..

 
kurang luwih jam 1/05/2007 11:53:00 a.m., Anonymous Anoniem mengubrus...

pak, kok awakmu kurus tenan tho?

 
kurang luwih jam 1/05/2007 02:57:00 p.m., Blogger endik mengubrus...

*jt: hee...?? tapi kan sangar..

 
kurang luwih jam 1/11/2007 04:44:00 a.m., Anonymous Anoniem mengubrus...

yang penting jgn gak ngopi dan udut di taon baru :p

 
kurang luwih jam 1/11/2007 08:56:00 a.m., Blogger endik mengubrus...

*mas joni: buetuuul... kewajiban yang tak boleh ditinggal...

 
kurang luwih jam 8/14/2017 07:24:00 p.m., Anonymous Wisata Jogja mengubrus...

Sambil udut nikmati tempat wisata baru mas

 

Een reactie posten

<< mbalik

sakderengipun kawula nyuwun agunging samudra pangaksami dumateng panjenengan sami, sesepuh pinisepuh, bapak bapak saha ibu ibu, mas mas saha mbak mbak ingkang kersa mampir dhateng papan kawula menika, menawi wonten kalepatan, sedaya klenta klentunipun bilih tumindak lan atur, nyuwun boten dipun dadosaken penggalih, mugi mugi Ngarsa Dalem Sing Ngecat Lombok paring berkah..